Apr 10, 2014

Inilah Cara membuat penetas telur yang paling hemat

Bahan-bahan: 
20 lonjor kayu reng payon/atap ukuran 2x3x2
1 lembar Triflex 3mm x 120x2
15 kilo gabah garing khang wes di areing-areing/pepeik
3 lembar koco ukuran jangkepen no dewek
2 ons pakau ukuran 4centi
4 meter kabel
4 peiteing damar
4 dop damar wowok/pijar
1 adaptor 12 v
1 kipas khang suorone alus
1 termometer (tukuwo reing toko PS/toko sentrat khang parek ringgone riko)
1 termostat (tukuwo reing toko PS/toko sentrat khang parek ringgone riko)
1 ons pakune Triflex
1/2 kilo lem kayau werno poteih
1 tube lem silikon kanggo ngelem koco
1 wiji colokan listrik
1 goloung isolasi
1 lembar kawat ram-raman alumunium khang paling alus/rapet
Alat-alat:
Gergaji, Tangk, Obeng, Palau, Tatah 1 centi, Seroutan kayau, Ampelas, Meteran, Siku-sikau, Gunteing.
Kadoung riko kurang jelas delengen gambar potrek ring nginsor ikai:

1.Gawenen ragangan kayu reng koyo gedigai, kanggo ukuran penetesan 50 ping 70 centimeter duwure 10 centi teko tanah.










2. Pakunen kabeh ragangane lan Pasangen sulung kabeh triflex khang wes diukur iku mau.
Gambar pengukuran kawitan templekno baeng sulung, marek gadigau ukuren khang pasti nggawe meteran.
3. Ukuren kawat ram alumunium trus pasang lan pakunen
 4. Pasangen sulung umyahe lungguhan alate kelistrikan yoiku koyo: kipas, damar dop lan pitinge, termostat, colokane listrik lan ugo kabele,sawetoro kolo sak durungek, myakne enko ngyampangaken masang bareng lambi mlebune gabah/kawate alummunium pisan
5. Sakikai riko mulai kudu nggawe ragangane lawangan penetesan endogh lan umyahe koco-koco.
Gambar umyahe koco-koco dienggo ngintepi endogh-endogh khang ring njero.

Siapeno triflex khang diukur tekan ragangane. delengen gambar nomer 9 teko nduwur iko mau.
6. Copoten maning lungguhan alate kelistrikan teko umyahe trus cocokeno lan cobaen test urip ta osing damar dop-dope.
 7. Iseikeno gabah khang garing kelawan dipepe srengenge sekolo/barengan ambi alate kelistrikan ikau.
Carane masang kawitane iku Gabah soloung trus kabele listrik trus kawat alumunium (enggo paran seih nganggo gabah garing? kanggone dienggo jogoni kadung listrik ring umyah riko mati sedino, dadine bibit endough ring penetesan sing sampeik mati, mergyane panase gabah metu ngyanteikaken panase damar dope listrik).
 8. Riko ojo sampeik lalai ! Gaweyo khang siji ikai yoikau umyahe Ventilasi howone oksigen kadung endoghe weih  mulai renget alias meleteq butul-butul.
Apuwo ono ukurane iki? iki engko dienggo mlebune howo oksigen menjero pas endogh kurang 3 utowo 4 rahino arepe netes. Dadi setiap rahino sak garise untu dibuka la kadung wes netes kabeh kudu dibuka pol.
Pasang lawangan
9. Pasangen kipas angin noring nginsore rack e endogh-endogh, termometer ring nduwure endogh persis koyo gambar sebelah. Colokan lan adaptor pasangen paling nginsor dewek. Kadung wes mulai netesaken ojo lali bak/tiembo banyu kiro-kiro ukuran diameter 15 utowo model kotak 15X15 cm. penetesan irid/hemat iki sing perlu endogh sering di walik-walik

 Gunane kipas dienggo nggowo bayu ambi howo ne panas iku mau campur ndadekaken howo ring jero penetesan (incubator) lembah ukuran sekitar 77. Iki gunane nyegah bibite unggas maghne sing ono khang cacat.
10. Mari weh tinggal nganggo baen ndoh, Matur Kesuwun khang akeh kanggo khang podo nulungi nggawe tetesane endogh ikai koyo ta : Gusti Pangeran khang Moho Kuoso Alloh Subhannahu wa Ta'ala. lan  Kang Amet, Kang Kadir, Kang Boadik Pendil, Kek Dur, Kek Tohid, kabeh.